SITUS BUDAYA PATOK PRANTI NALENI KAPAL
SITUS BUDAYA PATOK PRANTI NALENI KAPAL
Waosan
Satunggaling tinggalan
sejarah mangrupa patok kayu, teng pinggir tanggul lepen Cimanuk tepate teng
sisi kulon utawi sawingkingipun Masjid Agung Indramayu, taksih saged ditingal
nancep lan wutuh njegeger, dados saksi bisu ingkang nyakseni yen rikala zaman
sengen lepen Cimanuk dilintangi kapal-kapal ageng ngantos nglintangi tengah
kota Indramayu.
Kawontenan patok kayu niku satunggaling
ingkang taksih kuat ngantos dumugi saniki pramila saged ngengetaken kula
sedaya, yen patok niku ngrupiaken piranti nangcang kapal sing madeg
sepinggiripun lepen Cimanuk supados anteng.
Jalaran menurut
sejarah/babad Dermayu negesaken yen lepen Cimanuk ingkang nyigar kota Indramayu
sengen dipun engge layaran kapal utawi perau mbakta uwos. Buktinipun ingkang
nguataken nggih niku dipun tunjang kaliyan kawontenanipun gudang-gudang,
nanging seniki sampun dados wangunan tuwa.
Caket patok wau nggih niku
wonten kreteg, teng zaman rumiyinipun keceluk sebatanipun kreteg sorog utawi
gantung, keranten kreteg niku saged dipun buka sementawis kapal utawi perau
ageng sami lintang. Rikala zaman penjajahan niku dipun rusak.
Tiyang-tiyang sepuh taksih
nyebataken kreteg teng tengah kota Indramayu kelawan sebutan kreteg gantung. Kula
sedaya ingkang ngerupiaken generasi seniki kedah saged ngrumat tinggalan
leluhur.
Selain patok niku, wonten
uga tinggaln-tinggalan wong bengen, ning Indramayu kedelenge masih bisa kita
sakseni kaya dene bangunan tua sepinggire kali Cimanuk sing ngliwati kota
Indramayu. Uga ning sejabane wewengkon Indramayu bab tinggalan wong bengen
masih bisa kita deleng. Kaya dene Tugu Monumen Nasional Jakarta, Watu tinulis
sing ana ning Bogor, Borobudur sing ana ning Yogyakarta lan sejen sejen e.
Miturut sejarah keranten
wontene patok kanggo nancang kapal mau, jalaran bengene kota Indramayu
ngrupiaken kota Pelabuhan Laut utawa Syahbandar. Buktine ana aran tempat ora
adoh bari kota Indramayu, yaiku : Blok Kongsi, desa Pabean Udik, desa Pabean
Ilir. Aran-aran iki ngengataken kita perkawis urusan syahbandar.
Cerita niki dipun pendet
saking Buku Widya Basa Indramayu Kangge Sekolah Dasar/Madrasah Ibtidaiyah Kelas
IV Adhedasar Paugeran Kurikulum Muatan Lokal 2004 teng wewengkon Provinsi Jawa
Barat Kabupaten Indramayu, penulis Tatang Sutandi, Durohkhim, S.Pd. lan
Sulistijo, Penerbit DHS Indonesia, Wulangan 6 Halaman 33-34.
.png)
Posting Komentar untuk " SITUS BUDAYA PATOK PRANTI NALENI KAPAL"