RADEN GATOTKACA DIPUN GODOG ING KAWAH CANDRADIMUKA
RADEN GATOTKACA DIPUN GODOG ING KAWAH CANDRADIMUKA
Cerita niki kelebet cerita Pewayangan.
Kacaritaaken Prabu Kala
Pracona nggadahi panyuwunan. Sang Prabu wau wujudipun Denawa utawa Raksasa
ingkang sakti mandraguna. Para Dewa ing kahyangan sami keweden anggenipun bade
nolak panyuwunipun Denawa niku. Manut pamawasipun Hyang Giri Nata mung Cuma Bambang
Tutuka ingkang saged ngunduraken Prabu Kala Pracona.
Ingkang kautus tumeka dating
Marcapada perlu mendet jabang bayi Bambang tutuka ingkang mboten sanes malih
nggih niku Raden Gatotkaca ngrupiaken kebayaning dewa Batara Narada Werkudara
mangu-mangu bade maringaken ingkang putra. Tentu bade pralaya dipun mangsa dening
Kala Pracona. Nanging gandeng dawuhipun dewa, teras dipun paringaken. Raden Gatotkaca
dening Hyang Narada teras dipun bakta minggah dating Jonggringseloka, kedawuhan
mengsah kaliyan Prabu Kala Pracona.
Perang tanding niku dipun
pirsani ugi dening para dewa saking ketebihan. Nyatanipun Raden Gatotkaca dipun
remah-remah dimangsa Prabu Kala Pracona ngantos ajur lebur tur pejah. Para dewa
ingkang mirsani yudha niku ngraos ketempuhan. Lajeng Batara Guru dawuh yen
cuwilan-cuwilan remukanipun jasad Raden Gatotkaca dipun kempalaken.
Sesampunipun saged dipun
kempalaken lajeng dijeburaken teng Kawah Candradimuka. Raden Gatotkaca dipun
Godog, supados badanipun jabang bayi Raden Gatotkaca saya sentosa rehning
kedamel saking wesi ingkang kuwat. Ujud badanipun Raden Gatotkaca pulih lan
dipun tetesi toya kegesangan kacarita Raden Gatotkaca gesang malih.
Rehning kedamel saking
sewaernaning dedamel sarta ajian ngawujud ngraga teng badanipun Raden Gatotkaca
andadosaken wuleding kulit, miturut paribasan otot kawat balung wesi. Badan Raden
Gatotkaca ora tedas tapak paluning pande.
Raden Gatotkaca kedawuhan
supados maju malih perang tanding nglawan Prabu Kala Pracona, enggale cariyosan
Prabu Kala Pracona saged dipun pejahaken dening Raden Gatotkaca, pungkasipun Raden
Gatotkaca dados pahlawaning dewa.
Gambaran cariyosan
pewayangan niki dipun maknani yen siswa sekolah selebeting nglakoni golet
kaweruh teng sekolah utawi pamulangan, supados nggadahi kekuatan malah saya
sentosa lan wuled. Sira kabeh mugiya dados pahlawaning keluwarga ingkang dipun
banggakaken. Sing temenan enggone golet elmu.
"Cerita niki dipun pendet
saking Buku Widya Basa Indramayu Kangge Sekolah Dasar/Madrasah Ibtidaiyah Kelas
IV Adhedasar Paugeran Kurikulum Muatan Lokal 2004 teng wewengkon Provinsi Jawa
Barat Kabupaten Indramayu, penulis Tatang Sutandi, Durohkhim, S.Pd. lan Sulistijo,
Penerbit DHS Indonesia, Wulangan 10 Halaman 54-55".
.png)
Posting Komentar untuk "RADEN GATOTKACA DIPUN GODOG ING KAWAH CANDRADIMUKA"