Pribahasa Indramayu 2
PRIBASA DERMAYU
PERIBAHASA INDRAMAYU
1. AJA DUMEH
Aja
dumeh iku aja kadiran. Ana sing dikadiri. Lampah ika aja sregep mung kerna ana
lantarane kang gawe pengalem utawa kang dikadiraken.
“Menggawea utawa ngelaku-lampaha, ikhlas lan bhakti kanggo keprayogen urip bebarengan”.
2. ALA KETARA BECIK KETITIK
Ala
iku blesak, ora bagus, ora nyenengaken. Ketara iku ketenger, ketela, kasawang.
Becik iku bagus, nyenengaken. Ketitik iku manjing ning angen angen, sing ora
gampang diilangaken. Kelingan bae.
Iku pitutur luhur kanggo lelaku lampah. Dadia wong kang bagus lalakune, jujur tingkahe lan sabar tinerima ning pangraksane. Yen nemu kesandhung perkara ala, wong mau kegawa, nanging tan bakal digawa. Marga ketitik kenang becike. Nanging wong kang gawe ala, bakal kegawa pekewuh perkarane ika.
3. ANA REGA ANA RUPA
Ana
rega ana rupa iku gambaraken bagus blesake barang. Regane larang, tamtu barange
bagus. Regane murah, ya barange kurang bagus.
Pribasa kiyen bisa uga kanggo perkara pegawean. Dibayare larang, kerna asil pegaweane bagus atawa pegaweane perlu keahlian kusus. Dibayare murah, kerna asil pegaweane ora bagus atawa pegaweane sing dicebake ora pati angel.
4. ANDHAP ASOR
Andhap iku artine duwur, asor iku artine sor. Prilaku wong kudu bisa andhap-asor, kudu bisa ngaji rasa. Sapa sing diadhepi lan kepriben sopan-santun ngadhepi wong iku. Kapan badan diri iku ngrasa ning andhap lan ngrasa ning asor. Yen ning andhap ngrasa ngayomi, yen ning asor ngrasa ngormati.
Sopan-santun
mengkonon nggawa badan diri ngregani wong sejen, lan ahire wong sejen uga
ngregani diri kaula.
5. AWAK AWAK, IWIK IWIK, OWOK OWOK
Awak-awak
iku resikone gedhe lan ngemuh biaya akeh. Iwik-iwik iku ngemuh cicik dan
ati-ati. Owok-owok iku biaya sing akeh nanging ora puguh.
Sumber
:
Buku
GENAU BASA LAN SASTRA CERBON – DERMAYU Kangge Kelas V SD/MI Semester 1 Halaman
46-47. Penulis Tim Widyabasa Dermayu. Penerbit : PT. SIA Surya Indah Andromeda,
Cetakan tahun 2014.
.png)
Posting Komentar untuk "Pribahasa Indramayu 2"