PERIBAHASA INDRAMAYU
PRIBASA DERMAYU
PERIBAHASA INDRAMAYU
1. ESUK KEDELE SORE TEMPE
Wong sing gampang obah pikir, gampang obah putusan, lan nggampangaken kesepakatan bareng-bareng iku pada bae karo esuk kedele sore tempe. Barang sing gampang obah wujude, dadi e robah maning arane.
Orang
yang mudah berubah pikiran, mudah berubah keputusan dan mempermudah kesepakatan
yang sudah disepakati bersama itu sama saja dengan pagi kedelai sore tempe. Sesuatu
yang mudah berubah wujudnya, maka menjadi berubah juga nama nya.
2. GEDHE ENDHASE
Dudu wujud endase sing gedhe, sing beli seukuran wong. Sing beli saukuran iku omonge dhuwur bae, sombong bae. Katone kaya endase megar atawa nambah gedhe. Wong sombong iku pribasane Gedhe Endase.
Bukan
bentuk kepala nya yang besar, yang tidak seukuran manusia. Yang tidak seukuran
itu bicaranya selalu diatas saja, selalu sombong. Kelihatan kepalanya besar
atau tambah besar. Orang sombong itu peribahasanya Besar Kepalanya.
3. JAGAT BELI SEGODHONG KELOR
Jagat iku ambane dunya. Segodong kelor iku godhong sing ukurane ciyut. Pribasa mengkenen diartiaken, jagat iki amba pisan. Beli ciyut, beli sumpek. Uga mengkonon pikirane menusa, senajan akeh masalah kudu duwe pikiran sing amba, sing jembar.
Alam
itu seluas dunia. Daun kelor itu daun yang ukuranya sempit. Peribahasa seperti
itu diartikan bahwa dunia ini sangat luas, tidak sempit, tidak sumpek. Seperti itlah
pikiran manusia, sekalipun mempunyai banyak masalah tapi tetap harus memiliki
pemikiran yang lebar, yang luas.
4. KEBO NYUSU GUDHEL
Gudhel iku aran anakan Kebo, Kebo nyusu Gudhel iku ora lumrah. Lumrahe iku Gudhel nyusu ning Kebo. Pribasa mengkenen kanggo wong tua sing geguru ning wong enom. Bis auga kanggo wong sugih sing senenge jejaluk ning wong mlarat.
Gudhel
itu sebutan untuk Anak Kerbau, Kerbau nyusu sama Gudhel itu tidak umum, umumnya
itu Gudhel nyusu kerbau. Peribahasa seperti ini di peruntukan untuk orang tua
yang berguru sama anak muda. Atau bisa juga orang yang kaya meminta minta sama
orang miskin.
5. ULA MARANI GEBUG
Ula iku aran satoan sing diwedeni wong, kerna bisa nyokot. Gebuk iku pekakas kanggo nyabet utawa nggebug, tujuane kanggo ngusir atawa mateni ula mau. Ula marani gebug iku pribasa kanggo wong sing ditunggon-tunggoni, ndilalahe teka dhewek.
Ula
(Ular) itu nama hewan yang ditakuti orang karena bisa gigit. Gebuk itu alat
untuk memukul atau pentungan, Tujuannya untuk mengusir atau membunuh ular tadi.
Ula marani gebug itu peribahasa untuk orang yang sedang ditunggu tunggu tiba
tiba dia datang sendiri.
Sumber
:
Buku
GENAU BASA LAN SASTRA CERBON – DERMAYU Kangge Kelas V SD/MI Semester 1 Halaman
10-11. Penulis Tim Widyabasa Dermayu. Penerbit : PT.SIA Surya Indah Andromeda.
.png)
Posting Komentar untuk "PERIBAHASA INDRAMAYU"